Rabu, 14 Maret 2012

conto makalah basa jawa


MAKALAH
SEJARAHIPUN WAYANG
Makalah menika dipunserat kangge njangkepi tugas mata kuliah Ekspresi Tulis Lanjut
Dosen Pengampu: Sutrisna Wibawa, M. Pd.



 






dening
Ida Rahmawati
NIM. 06205241005/A


JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2008


PURWAKA

Puji Syukur hamung konjuk wonten ing ngarsaning Gusti ingkang asipat welas lan asih awit saking sih wilasa-Ipun kula saged ngrampungaken makalah “SEJARAHIPUN WAYANG” menika. Makalah menika karipta adhedhasar kepengin nglestantunaken kabudayan jawi imggih menika wayang.
Makalah menika migunani tumrap soksintena ingkang kepengin mangertosi kaliyan kabudayan Jawi ingkang gegayutanipun kaliyan wayang. Makalah menika ngandharaken pangertosan wayang sarta sejarahipun wayang menika. Wayang ingkang sakmenika taksih dipunjagi lan dipunpriksani tumrap soksintena badhe musna.
Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena kemawon ingkang sampun kersa paring pitedah, palilah, saha panyengkuyung amrih mawujudipun makalah menika.
Kula tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun pranupiksa ingkang maos makalah menika, temah makalah menika saged nyembadani pamundhutipun para maos. Nuwun!

                                                                               Yogyakarta, 11 Nopember 2008

                                                                                                  Pangripta
                                                                                               Ida Rahmawati







BAB I
PAMBUKA
  1. Wigatosing Rembag
            Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang. Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akčh ditemoni.
B.     Ingkang Wigatos Dipunrembag
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.



C.    Kekajengan Ingkang Dipunrembag
Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah menika:

1.menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2.kados pundi sejarahipun wayang?
3.kados pundi sebutanipun wayang menika?













BAB II
WAOSING PIREMBAGAN
  1. Pangertosan Wayang
            Wayang menika pagelaran ingkang ngagem boneka umumipun. Wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah. 
2.      Sejarahipun Wayang
       Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang
            Kacarios woten ing wiwitaning tahun masehi, bangsa Hindu ingkang asalipun saking Jazirah India kathah ingkang sami datheng dados imigran ing Indonesia. Lajeng kebudayaan Hindu-Budha menika pungkasanipun saged dipuntrima dening masyarakat Jawi. Wonten ing jaman menika, basa Sansekerta sampun dipunagem dening kalangan bangsawan ingkang salajengipun mempengaruhi basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ing mriki kesenian wayang kaliyan bangsa Hindu dipunagem dados wadah ngembangaken tuwin wedharaken budaya agami Hindu wonten ing carios Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados mekaten menika lajeng ndadosaken campur tuwin manunggalaken budaya asli Indonesia kaliyan Hindu. Kesenian wayang ndadosaken agami Hindu cepet nyebar, ngresep tuwin dipuntampi dening masyarakat
Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.
Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.


3.      Sebutan Wayang
        Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh. Wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane. Wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana
           












BAB III
PANUTUP
Crita kang dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngene iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang ditanjepke ing debog ing sisih tengen lan kiwane dhalang. Ing tengah, critane digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang edi peni ing babagan crita dongeng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: Wayang Golek,Wayang Thengkul Bojonegoro,Wayang Krucil,Wayang Purwa,Wayang Beber,Wayang Uwong,Wayang Gedog,Wayang Sasak,Wayang Calonarang,Wayang WahyWayang Menak,Wayang Klitik,Wayang Suluh,Wayang Papak,Wayang Madya,Wayang Parwa,Wayang Sadat,Wayang Kancil.

DAFTAR PUSTAKA
ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=782&Itemid=739 - 24k


Tidak ada komentar:

Posting Komentar